Professional Documents
Culture Documents
Wayang dumadi saking tembung wod "yang/ hyang" angsal ater-ater wa-. Tegesipun roh ingkang dipepundhinamargi pinercaya roh saged damel begja cilakanipun manungsa. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak lan jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangejawantahan pribadi manungsa. Wayang punika pagelaran ngangge boneka ingkang padhatanipun katon endah ing wewayangane lan dipunlakokaken dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut saged ingkang wujud 2 dhimensi utawi wujude 3 dhimensi. Ingkang wujud 2 dhimensi padhatanipun, kadamel saking kulit (walulang), ingkang padhatanipun kulit sapi, utawi wedhus. Lan ingkang wujud 3 dhimensi, lumrah dipundamel saking kayu ingkang dipunrenggani pengangge saking kain ingkang maneka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, ugi wonten ingkang damel wayang saking suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis mekaten boten kathah. Miturut ing kemajuanipun jaman, wus tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang ingkang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang. Cariyos ingkang dipunlakonaken dijupuk saking epos Mahabharata lan Ramayana ingkang ugi sinebat Wayang Purwa. Ugi wonten ingkang nggelar lakon cariyos-cariyos 1001 wengi saking siti Arab. Wayang ingkang kaya mekaten menika diarani Wayang Menak. Pagelaran menika misuwur ing siti Jawi. Ing pagelaran punika wayang ditancepke ing debog (wit gedhang) ing stesih tengen lan kiwane dhalang. Ing tengah, cariyosipun digelar. Sedina sewengi lakon dipunwedhar. Wayang menika boten namung sumebar ing Jawi, nanging ugi ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang sampun diakoni dening UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dados karya kabudayan ingkang edi peni ing babagan cariyos dongeng lan warisan ingkang berharga sanget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwalike, UNESCO nyuwun supados Indonesia njagi (preserve) warisan menika. 1. SEJARAH WAYANG Para ahli dereng wonten ingkang saged masthekaken kapan wayang wiwit wonten ing Indonesia. Nanging menawi ndeleng prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wayang kirang langkung sampun wonten saderengipun agami Hindu mlebet. Nalika menika lakon wayang dereng ngangge cariyos-cariyos ingkang dijupuk saking India. Pagelaran menika dingge sarana nyembah marang roh leluhur. Sawetara anggitan sastra jaman Mataram anyar kathah ingkang nyerat perkawis sajarah wayang. Nanging, para ahli sajarah boten sarujuk marang punapa ingkang tinulis saking punika amargi boten cocok marang cathetan lan tinggalan sajarah ingkang sampun wonten. Prasasti ingkang paling kuno wonten ing abad kaping IV Masehi. Prasasti ngemot ukara mawayang kangge pagelaran pahargyan sima utawi bumi perdhikan. Katrangan ingkang luwih trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masehi. Saking punika tinulis si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Artosipun kirang langkung: Si Galigi ndhalang kangge Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara."
Agami Hindu ingkang mlebet ing Nuswantara damel cariyos wayang benten kaliyan aslinipun. Cariyos Ramayana lan Mahabharata wiwit dingge kangge dakwah agami. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh (991-1016), kathah cariyos saking India ingkang mlebet lan dipundamel gagrag jawane. Wayang wiwit nyebar ing pundipundi nalika Majapahit nguwasani Nuswantara. Cariyos-cariyos ingkang aslinipun saking India menika pungkasanipun sampun geseh kaliyan saderengipun. Para pujangga Jawi damel cariyos piyambak kangge mepaki punapa ingkang sampun wonten. Ing Pedhalangan, cariyos-cariyos menika sinebat lakon carangan. Jaman Islam mlebet, Walisanga ugi ngangge wayang ing panyebarane. Ing jaman menika wiwit wonten Wayang Menak. Gagrag-gagrag nambah kathah ngepasi Mataram anyar. Walanda ingkang digdaya damel kraton Surakarta ngracik kathah cariyos wayang kangge nglelipur ati. Indonesia mardika ugi nyumbang gagrag wayang ingkang maneka warna. Maneka warna wayang wau wonten ingkang tetep dipungelar wonten ingkang namung gesang ing jamane piyambak. Wayang ingkang paling kathah dingge inggih menika wayang kulit purwa. 2. SEBUTANE WAYANG Menawi dijupuk saking ukarane, wayang menika saking wewayangan, amargi pagelarane wonten ing wayah wengi lan ngangge lampu. Nanging katrangan menika sampun boten saged diugemi melih. Wayang dados boten mligi boneka ingkang wonten wewayanganipun. Wayang golek ingkang dipundamel saking kayu boten ngandhelaken wewayangan. Ukara wayang sampun dados pagelaran boneka ingkang digelar dening dhalang. Padhatanipun, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wayang menika dipundamel saking tatahan kulit kewan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana.
WAYANG PURWA
Wayang Purwa menika sajinising wayang saking Jawi. Para ahli ngira menawi ukara purwa dijupuk saking parwa, utawi perangan saking kitab-kitab kakawin kayata Mahabharata utawi Ramayana. Ing bausastra Jawi anyar, ukara purwa ugi saged ngandhut pangerten jaman purba utawi jaman wiwitan. Menawi ing versi aslinipun, kitab kalih menika boten wonten sesambungane. Ing Jawi, wonten sesambungan antawisipun kalih jaman menika ingkang banjur dirunut dados silsilah piyambak. 1. PANGOWAHAN Ing tangan para pujangga Jawi, wiracarita kalih menika dipunowahi lan dipuntambahi melih. Ing pedhalangan, dhalang gadah kuwasa improvisasi cariyos-cariyos alit, ingkang banjur kondhang dados cariyos carangan. Wayang purwa ngalami pangowahan ingkang kathah nalika ing jaman Wali Sanga. Para ulama Islam menika nyobi ngilangi ajaran Hindhu ing Mahabharata lan Ramayana ingkang aslinipun saking India. Ing wayang kulit, gambar-gambar wayang menika banjur dipunentha-entha supados boten kaya manungsa. Jimat Kalimasada duweke Puntadewa saking tambahane para wali ugi. Semono ugi paraga wayang kaya Sang Hyang Giri Nata ingkang dianggep ngrujuk marang Sunan Giri, salah satunggaling Wali Sanga. Ing jaman Mataram Anyar, Walanda nyobi ngrungkebi politik lan panguwasa. Nanging amargi saking menika banjur pujangga-pujangga kraton antuk kawigaten. Para pujangga kaya Yasadipura I, Yasadipura II, utawi Ranggawarsita nyobi nggesangake melih kasusastran ingkang magepokan kalawan Mahabharata lan Ramayana menika. 2. LAKON-LAKON Menawi dideleng kanthi prasaja, lakon wayang kaperang dados kalih: pakem lan carangan. A. PAKEM Lakon pakem dijupuk saking cariyos-cariyos ingkang wonten ing kitab-kitab kuna, kayata: Kakawin Mahabharata, Kakawin Ramayana, Pustaka Raja Purwa lan Purwakandha. Ing antawisipun cariyos-cariyos pakem inggih menika: o Bale Sigala-gala o Pandhawa Dhadhu o Bharatayudha o Rama Gandrung o Subali Lena o Anoman Dhuta o Brubuh Ngalengka
B. LAKON CARANGAN Lakon carangan menika dipunbeta saking cariyos pakem ingkang dipunkantheni tambahan cariyos bentenipun. Saking cariyos carangan menika banjur kathah gagrag-gagrag ingkang tansah benten. Paraga-paraga ing wayang ugi dados nambah kathah. Nanging wonten kalane damel bingung, amargi saged bae lakonipun padha nanging cariyosipun dados benten. Cariyos-cariyos carangan menika antawisipun: o Babad Alas Mertani o Sembadra Larung o Partakrama o Kresna Kembang o Aji Narantaka o Narayana Maling Putri o Abimanyu Lair o Sri Boyong o Peksi Dewata o Bandung Naga Sewu o Gambiranom o Pandhawa Maneges o Semar Mantu o Semar Maneges o Bambang Sitijaya o Parta Dewa o Aswatama Maling o Wahyu Topeng Waja o Thongthongborong o Wahyu Widayat o Srikandhi Mandung o Semar Kuning o Danasalira o Rama Tambak o Laire Pandhu o Semar mBarang Jantur o Laire Dasamuka o Anoman Swarga o Laire Indrajit o Dewa Ruci o Bedhah Lokapala o Bima Bungkus o Tutugipun Lampahan o Gatutkaca Sungging Wilugangga o Sudamala o Gathotkaca Gandrung o Sumantri Ngenger o Antasena Rabi o Wahyu Makutharama o Ugrasena Tapa
8. Ngelampah hambeging candra Tegesipun panguwasa utawi pimpinan menika kedah saged madhangi nanging boten manasaken, kaya dene sunare mbulan. 9. Ngelampah hambeging kartika Tegesipun panguwasa menika kedah nggadhahi kapitayan dhiri, istilahipun tiyang saniki percaya dhiri utawi confidance. Boten ketang wonten sajroning awakipun nduwene cacad utawi kekirangan. Dipunpindhakaken kartika/lintang ing langit, sandyan alit nanging tetep sumunar hamadhhangi petenging wengi. 10. Tatas titis tatag tutug Tegesipun dados panguwasa kedah nggadhahi watak kang teliti utawi titi saben ngadhepi prekawis. Titis tegesipun tepat boten wantun geseh, menawi nggarap samubarang boten wantun geseh wekdalipun. Tatas tegesipun tuntas boten wantun mangkrak utawi separo-paro, tatag tegesipun tahan utawi boten grusa-grusu, boten sembrono. Tutug tegesipun rampung. 11. Gemi nastiti ngati-ati Gemi nggadhahi teges hemat boten boros, lan prasaja. Gemi benten kaliyan medhit utawi cethil. Nastiti menika dipuntujokaken marang pawongan kang nggadhahi patrap gemi. Dene ngati-ati tegesipun ngadohi resiko ingkang paling ala lan boten ngepenakake sinten kemawon. 12. Gotong royong gugur gunung Tegesipun samubarang pakaryan ditandangi kanthi bareng-bareng, dipunsangga tiyang kathah. Mesthinipun bakal cepet rampung lan entheng sanggane. 13. Mikul dhuwur mendhem jero Mikul dhuwur tegesipun saged nggawe arum utawi wangi asmane tiyang sepuh, dene mendhem jero tegesipun saged nutupi utawi nasabi cacad utawi kekurangane tiyang sepuh. Miturut Siti Hardiyanti (1991) idiom utawi babagan-babagan kang magepokan klawan pangitutur luhur kang sumberipun saking budaya Jawi inggih menika: Kedah angon wekdal Tumindak ampun nganti getun wingkingipun Damel risak boten becik, dene damel risaking mungsuh sanes barang kang aneh Mungsuh ingkang sampun nungkul ampun dipunpateni Ingkang sinten ngutamakaken menangipune piyambak, menika nemahi cilaka Ingkang sinten gelem mbuwang ilmu karang bakal nemoni kabecikan Ingkang sinten damel seriking liyan , menika uga bakal nemahi cilaka Ingkang sinten remen udur, menika bakal pikantuk bebendu dening Pangeran
Ingkang sinten remen damel nelangsaning liyan, iku ing tembe bakal pikantuk piwales saking penggaweane piyambak Sira kedah mituhu marang pitutur kang bener Lamun sira remen dialem kemawon, ing tembe manggihi babagan-babagan kang kurang prayoga. Muring-muring menika dalanipun antuk pepeteng, mula sinten ingkang remen muring boten bakal antuk pepadhangangrembuge kang prelu kawala Golek kanca ingkang padha tujuanipun Ampun damel seriking liyan Ampun golek mungsuh Ampun wani marang leluhur, jalaran leluhur menika kagolong bathara Ampun sira mulang gething marang liyan, jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang boten wonten uwis-uwis Ampun kaget lan gumun samubarang gelaring ndonya Ampun nguber hawa nepsu mundhak sesngsara gesangipun Ampun dumeh Siya Ampun ngece tiyang boten gadhah Ampun gegedhen rumangsa Ampun kumalungkung Ampun kamingsun Ampun dhemen cidra Ampun munasika kawan Ampun gumedhe Ampun tumindak rusuh Ampun ngrusak pager ayu Ampun drengki Ampun keminter Ampun kareman Ampun ambeg siya Ampun gegedhen rumangsa Ampun nggege mangsa Ampun nampik rejeki Ampun dawa tangal lan sapiturutipun.
o o o o o o o o o
Bathara Sambu Bathara Wisnu Bathara Kamajaya Batdinten Kamaratih Bathara Antaboga Bathara Narada Sanghyang Ismaya Bathara Yamadipati Bathara Surya
o o o o o o o o o o
Rama Rahwana Resi gotama Sinta Subali Sugriwa Sukesi Sumitra Sarpanaka Wisagedna
o o o o o o o o o o o
Citraksa Citraksi Dewi Urangayu Drestadyumna Dretarastra Drona Drupadi Duryodana Dursasana Ekalawya Gathotkaca
o o o o o o o o o o o o
Indra Janamejaya Karna Krepa Kresna Kretawarma Kunthi Nakula Pandhawa Pandhu Parasara Parikesit
o o o o o o o o o o o o
Sadewa Salya Sangkuni Santanu Satyaki Dewi Satyawati Srikandhi Wesampayana Widura Wisanggeni Yudhistira Yuyutsu
GAMBAR WAYANG
1. MAHABHARATA 1) Abimanyu
4) Antasena
2) Abyasa
5) Arjuna
3) Antareja
6) Aswatama
10
7) Baladewa
11) Citraksa
8) Bisma
12) Citraksi
9) Burisrawa
13) Dretarastra
10) Cakil
11
14) Drona
17) Dursasana
18) Gathotkaca
15) Drupadi
12
20) Krepa
23) Nakula
22) Kunthi
25) Parasara
13
26) Parikesit
29) Sangkuni
14
32) Srikandhi
35) Wisanggeni
33) Werkudhara
36) Yudhistira
34) Widura
15
2. RAMAYANA 1) Anoman
4) Rama
5) Rahwana
2) Kumbakarna
6) Sinta
3) Lesmana
16
7) Subali
9) Sukesi
11) Wisagedna
17