You are on page 1of 2

AMARGA SALAH KRUNGU

Iki pengalamane kancaku kang aran Jati Nugroho. Nalika iku ngepasi pengetan pitulasan.
Ing desane, Pucung, Taman Martani, dianakake tontonan werna-werna. Ana dhagelan, tari,
drama lan nyanyi. Dheweke kebageyan, nyanyi solo amarga dheweke bisa main gitar.
Dheweke pilih tembang manca kang jinise akustik, amarga ora diiringi alat musik liyane.
Mula saupama dheweke nyanyekake tembange Nirvana kang akustik mesthine cocog.
Nalika iku, MC ne pancen pemudha ndesa kang, nuwun sewu, isih katro banget. Ora pati
ngerti basa Inggris apa maneh tembang-tembang saka negara manca.
Nalika ngundang jenenge Jati, MC ne wis aweh wara-wara,
Yap! Iku mau penampilan saka paguyuban Tiba Rendheng kang wis ngaturake drama,
Andhe-Andhe Lumut. Saiki giliran penampilane Mas Jati Nugroho kang bakal asung
tembang kanthi iringan gitar solo, kang judhule..
Dheweke banjur mengo madhep nggon Jati, karo bisik-bisik takon, Apa Mas, judhule?
Jati wangsulan kanthi bisik-bisik uga, Lagune Nirvana, About A girl. (Yen diwaca kanthi
fasih/cepet : ebautegel).
Kanthi PD lan swara banter, MC ne mbengok,
Ayo, padha dimirengake tembange Mas Jati Nugroho kanthi judhul : Apa Tegel?!
Lho! Jati mung mlongo. Lah, kok dadi kaya judhul tembang Campursari? Piye iki? Bisa
dibayangake reaksine penonton, lha wong judhule campursari, bareng dirungokake jebul
tembang manca. Apa tumon? (Arul Sugiarti BANJARNEGARA)
Saking : http://www.panjebarsemangat.co.id/amarga-salah-krungu

You might also like