You are on page 1of 7

Tembang sinom

Serat Wedhatama minangka salah sawijining serat anggitane KGPAA Mangkunegara IV, kang
isine yaiku ajaran pitutur luhur. Wedhatama dhewe kuwi cekakan saka tembung Wedha lan tama. Wedha
tegese ajaran, tama tegese utama. Mula Serat wedhatama isine ngajarake kautaman uripe manungsa ing
tanah Jawa. Apa sing utama ana ing urip iki? Yaiku carane dewe bisa bungah atur panuwun marang
Gusti, awake dewe tangi turu isih diwenehi kesempatan kanggo urip, ambegan (bernafas) kanti sehat lair
batin.
KGPAA angkunegara IV paring pitutur luhur lumantar tembang macapat pupuh sinom, pangkur,
gambuh, lan sakpanunggalane.
1. Ing ngisor iki ana teks serat wedhatama pupuh sinom. Ayo padha diwaca!
Tembang sinom iki nate digendhingake kanggo ngiringi serat wedhatama anggitane KGPAA
Mangkunegara IV sing dicaosake dening paguyuban Karawitan Jawi Condong Raos pimpinan Ki
Nartosabdo(alm) kanthi swarawati Nyi Sutantinah, Nyi Tugini, Nyi Suyatmi.
Tembang Sinom
(Gusti Pangeran Adiipati Arya)

Nuladha laku utama Nyonto a tumindak sing apik


Tumraping wong tanah Jawi Kanggo wong-wong sing ana ing Jawa
Wong agung ing Ngeksiganda Wong agung ing mataram
Panembahan senapati Panembahan senopati
Kapati amarsudi Sinau sing sregep
Sudaning hawa lan nepsu Karo ngurangi hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata Kanthi cara tapa
Tanapi ing siyang ratri Tapa ing awan lan wengi
Amemangun karyenak tyasing sasama Kanggo nggawe penak atine sasama
2. Gathekna andharan sing gegayutan karo guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan!

Kanggo ngeling-eling pasinaon semester wingi, kudu ngerti tegese guru gatra, guru lagu, lan guru
wilangan!
Guru gatra : paugeran cacahing larik ana ing tembang
Guru lagu : paugeran tibaning swara ing pungkasaning gatra
Guru wilangan : cacahing wanda saben sagatra

Tembang sinom uga nduweni guru gatra, guru lagu lan guru wilangan. Tembang sinom nduweni
watak trengginas, canthas, lan tresna asih. Cocok kanggo bab-bab kang sarwa(serba) lincah . tembang iki
nggambarake wayah enom. Sinom dewe nduweni teges: godhong asem, enom, lan isih enom, mudha, lsp.
Guru gatrane tembang sinom sapupuh(sabait) nduweni 9 larik.

Serat wedhatama uga nengenake kadiwasaning akal pikiran, rasionalitas, urawa intelektual.
Babagan karakter lan lan perilaku kang becik, serat wedhatama menehi tuladha yaiku panembahan
senopati. Serat wedhatama ngajarake telung nilai kang bisa ngangkat derajade manungsa yaiku
wirya,harta,lan winasis (pangkat, bandha, lan kapinteran). Serat wedhatama ngajarake telung prekara
kang dadi cagaking panguripan, yaiku lila yen kelangan(iklas disaat kehilangan), Sabar nalika entuk
pacoban, lan narima ing pandum pasrah sumarah mring Gusti.

Serat wedhatama uga ngajarake awake dewe supaya ngadohi angkara murka, yaiku nesu kang
tanpa alesan kanggo utupi salahe awake dhewe. Serat wedhatama ana pirang-pirang pupuh. Ing antarane
pupuh sinom. Dene tembang macapat dhewe cacahe ana sewelas: mijil, sinom, dandhanggula, kinanti,
megatruh, gambuh, pocung, maskumambang, durma, pangkur, asmarandana.
WAYANG

Gathekna Andharan ing ngisor iki!


Wayang dumadi saka tembung yang utawi hyang, angsal ater-ater wa-. Tegesipun roh
kang saged damel beja cilakanipun manungsa. Wayang menika menggambarkan watak lan
jiwanipun manungsa. Wayang punika pagelaran ngangge boneka kang umume katon endah ing
wewayangane lan dilakokake dening dhalang kanthi iringan gamelan. Mligine wayang kulit, wis
diakoni dening UNESCO minangka kabudayan kang nengsemake lan duwekke asli Indoesia
ditetepake tanggal 7 November 2003. Wayang kulit ditetepake minangka sawijining warisan
kang endah lan berharga (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity).
Unsur pembangun cerita wayang ora beda karo unsur pembangun crita liyane, ing antarane crita
cekak, novel, lan sakpiturute. Crita wayang kajupuk saka kitab Mahabarata. Menawa wayang
uwong dijupuk saka Kitab Ramayana. Kitab-kitab mau nyaritakake gegambarane watak angkara
murka sing mesti dikalahake dening watak kang andhap asor. Crita wayang kaya crita fiksi
liyane duwe unsur intrinsik ing antarane tema, alur, sudut pandang, amanat, lan liya-liyane.
Unsur ekstrinsik iku latar belakang pengarange. Unsur amanat sing paling pokok kudu bisa
digoleki!

Pendhawa:
Puntadewa Werkudara Janaka Nakula Sadewa

Nalika ing pagelaran wayang, ing sela-sela carita biasane ana selingan guyonan sing
diarani:gara-gara. Gara-gara kuwi biasane diisi kanthi tokoh punakawan, bisa uga limbuk cangik.

Gamelan:
Gamelan Jawa

Silsilah mahabarata

Keluarga bharata diwiwiti saka eyang Abiyasa, kang nduweni putra telu yaiku: Destrarasta,
Pandu dewanata, lan Yamawidura. Saka telung anake Abiyasa, sing duwe putra mung Destrarasta lan
Pandu dewanata, dene Yamawidura ora krama(berkeluarga/nikah). Pandu peputra pandhawa, lan
Destrarasta Peputra Kurawa sing cacahe satus.

Dewi Ambika Abiyasa Dewi Setyowati


Dewi Ambalika

Dewi Gendari Destrarasta Yamawidura


Pandhu Dewi Kunthi

Dewi Madrim

Kurawa Nakula Sadewa


Werkudara
Puntadewa Janaka

Nilai kang kamot sajroning carita wayang yaiku:

- Tanggap ing sasmita(empati)


- Jujur
- Mad-sinamadan(saling merhargai)
- Tanggung jawab
- Keadilan
- Ngabdi mring Negara/ loyal kepada negara
MC utawa master of ceremony iku istilah kang misuwur tumrap pranatacara. Pranatacara
kajibah (bertugas) nglantarake titi laksana upacara, tuladhane: pasamuan, temanten, pangrukti layon lan
sapanunggalane, umpamane ing adhicara ngantenan Jawi, pranatacara nduweni jejibahan nglantarake
adicara pawiwahan lan pahargyan temanten.

Anggenipun dados pranatacara kudu nggatosaken 4 bab yaiku: wicara, wirama, wiraga,
wirasa.

1. Wicara yaiku: pengucapan vocal pranatacara kang cetha, ora lirih, ora bindheng supaya jelas
2. Wirama : nada, intonasi, kang temata ora digawe-gawe, jumbuh(sesuai) karo adicarane.
3. Wiraga : sikap kang anteng, ora kakehan obah, tangane ngapurancang, dedege kang jejeg.
4. Wirasa : yaiku ulatan(mimic wajah) pranatacara nalika nglantaraken titi laksana.

Dadi ing ndhuwur kuwi mau salah sawijine carane dadi pranatacara ing adicara ngantenan.
Bedane acara karo adicara yaiku:

Yen adicara: kuwi acara kang gedhe tamune akeh.

Yen acara kuwi naming biasa ora patiya megah. Tembung nikahake biasane digawe palakrama. Upama
nyebut anak ing pranatacara dibasakke atmaja/ ingkang putra.

Gatekna cengkorongane sesorah pranatacara ing ngisor iki!

1. Salam pambuka/ pambuka


2. Atur puji syukur marang pangeran
3. Atur kasugengan, kairing atur panuwun
4. Isine sesorah
5. Panutuping atur/salam.

TEMBUNG YOGASWARA

Tembung yogaswara yaiku tembung loro kang digabung dadi siji, sing ngarep tiba swara a sing mburi
tiba swara i lan duweni teges lanang wadon. Tuladha:

- Mahasiswa-mahasiswi - gandarwa-gandarwi - dewa-dewi


- Siswa-siswi - kedhana-kedhini - putra-putri

Ananging ora kabeh tembung kang didhapukake ngarepane a mburinane I nduweni teges tembung
yogaswara. Sabab ana wae kang digawe-gawe saka tembung jenenge uwong. Kayata : Sukarno-sukarni,
Maryana-Maryani, Suprapta-Suprapti. Lha amerga ora kabeh kang jenenge Sukarno kuwi lanang,
Sukarno kang nduweni jeneng wedhok uga ana. Mula yen jeneng kuwi ora bisa dianggep yoga swara,.
Tembung kriya(kata kerja) uga ora bisa. Tuladha : bola-bali,

Panyandra

PANYANDRA yaiku tembung kang digunakake kanggo bebasan nggambarake kahanan kang ana.
Panyandra kuwi bisa kanggo ibarat kang memper(menyerupai). Digunakaake untuk mendekripsikan
keadaan mirip dengan sesuatu yang lain. Tuladha :
Alise : nanggal sepisan( alise seperti bulan ketika tanggal satu Jawa, bentuke nylirit)

Tangane : nggandewa gadhing (seperti busur panah ketika dibentangkan)

Bangkekane : nawon kemit (seperti prajurit tawon/ lebah, kecil bentuke)

Bathuke : nyela cendhane ( alus banget)

Brengose :nglaler menclok

Cahyane : sumunar ( wajahnya berseri-seri)

Eseme : pait madu (manis banget)

Lambehane : mblarak sempal

Mripate : ndamar kanginan / sentir kanginan

Untune : miji timun ( cilik)

Drijine : mucuk eri (lincip)

Lambene : manggis karengat

TEMBUNG ENTAR

Yaiku tembung silihan, kang duweni teges ora salugune. Tuladha:

-dawa tangane : seneng jupuk dhuweke liyan

-lunyu ilate : pinter gineman

-dawa ususe : sabar

- jembar dhadhane : nrima

TEMBUNG RURABASA

Tembung rura basa yaiku basa kang rusak sing wis kelantur-lantur, nganti ora kena dibenerake maneh.
Yen dibenerake malah bisa dadi basa kang ora lumrah. Tuladhane:

-negor gedhang : sing bener negor wit gedhang (gedebog), malah disingkat dadi negor gedhang

-nguleg sambel : sing bener nguleg Lombok dadi sambel, nanging dicekak nguleg sambel Kamangka
sambel kuwi wis dadi (wis mateng) ora perlu diuleg.

-nggodhog wedhang: wedang kuwi banyu kang wis mateng, lha wedhang kok digodhog maneh, sing
bener nggodhog banyu dadi wedhang

-adhang sega : sing bener adhang beras dadi sega.

-menek klapa: sing bener menek wit klapa


PANGANAN TRADHISIONAL seperti yang sudah-sudah di catetan dll.

Angka jawa

1:1 6 6

2 2 7 7

3 3 8 8

4 4 99

5 5 0 0

You might also like