You are on page 1of 2

1. Alur.Alur yaiku lakuning crita utawa urut-urutane crita. Alur kaperang dadi 3.

- Alur maju (Progresif) yaiku alur sing nyritakake utawa nggambarake kahanan saiki
kanthi sateruse.
- Alur mundur (Regresif) yaiku alur sing nggambarake kahanan saiki, diterusake
ngandharake kahanan sing kepungkur.
- Alur campuran
5. Alur crita (plot)
Rantamane crita sing sinambungan mbentuk crita. Alur kebentuk kanthi
urutan kadadeyan saengga mbentuk alur maju, alur sorot balik (flash
back) lan campuran antarane alur maju lan alur sorot balik.
a. Alur maju yaiku urutane crita saka kedadean kang wis
kapungkur maju ing kedadean saiki
b. Alur sorot balik yaiku urutane crita saka kedadean saiki
mundur ing kedadean kang wis kapungkur
Rangkaiane kedadean sing mbentuk alur dibagi tahap-tahap alur sing
diwiwiti saka:
a. Paparane crita (pemaparan)
b. Critane wiwit ana masalah (perumitan)
c. Ana masalah antara paraga (konflik)
d. Masalah luwih gawat (klimaks)
e. Pungkasane crita lan carane nyelesaiake masalah ing
paripurnane crita
- Happy ending : ing paripurnane crita nyenengake
- Sad ending : paripurnane crita ora nyenengake / nyedihake.
Alur : ngawujudake reroncen sebab kang mbangun crita.

Adedhasar wektu alur kabedakake 3 yaiku alur lurus, alur mundur, alur campuran

Alur crita kaperang dadi bagian-bagian :

a. Pengenalan bab situasi utawa kahanan crita

Nepungake (ngenalake )para paraga, nata adegan lan sesambungane paraga.

b. Panjlentrehan kadadeyan (Komplikasi)

Kadadeyan wiwitan kang dadi sumbering perkara kanggo para tokohe

c. Nuju ing konflik


d. Klimaks.

Nasibe paraga ditemtokake (kasil apa orane ngadepi perkara)

e. Anti klimaks (perkara samsaya lerem)


f. Rerampungan (ending)
II. Alur lan pengaluran.
a. Penahapan alur
Ø Tahap awal.
Ø Situation : Tetepangan keluarga Pak Widagda dalasan putra putrinipun, pendidikan keluarga Pak Widagda, lan setatus
sosial keluarga Pak Widagda.
Ø Generating circumtaces : “Nalika mberesake buku ana perpustakaan pribadi ora sengaja Tatik nyawang buku kandel
karangane DR Poespoprodjo kanthi irah – irahan Subjektivitas dalm Histografi kang angel golek – golekane, katungkul maca
nganti ora ngerti wayah. Jebul mas bayu wis ana ning ngarepe Tatik”
Ø Tahap tengah
Ø Rising Action : “Buku iku diselehake ana meja karo Tatik banjur disaut karo mas Bayu, diilang ilingi, “sing koko waca
apane ?” Pitakone mas bayu. Banjur mas Bayu nakoni maneh isine buku marang Tatik . Tatik semaur mbebles isine buku iku
kanthi cetho lan bener”
Ø Climax : “Kandane mas Bayu “ Aku iki wis yakin saka biyen mula , kowe dudu pembantu biasa , saiki mujura sapa kowe
sabenere lan apa tujuane mrene ?”
Ø Tahap akhir.
Ø Denoument : “ Terus terang , sejatine kula ponakanipun Bu Sastro sanes pembantunipun. “sejatine kula kagum dhateng
keluarga mriki , malih malih sasampunipun maos profilipun ibu panjenengan wonten majalah wanita. Kadidene ibu teladhan
tingkat nasional. Kula kepingin ngertos kados punapa ibu Widagda ngolah rumah tanggaipun supados sae, mula kula kepengin
mbantu ana omah kene.”
b. Alur mundur.
“ Wis seminggu ana daleme Ny Widagda mbabu, mbeneri pembantune mudhik. Bu Widagda njaluk aku nggenteni
penggaweane rewange , kebeneran bapak lan ibu Widagda lagi ana Jepang , ngrawuhi sawijining seminar Internasional. Dene
sing ana omah mung putrane loro , mas bayu lan mbak niken.”

“Mula bukane aku ana kene cukup sepele , awan iku bu Widagda sajak gupuh mertamu ana daleme budhe……………..***
c. Kaidah Pengaluran.
Ø Plausabilitas (Plausability).
“ Nalika ibu nggawa kowe, aku wis curiga. Mosok kok pembantu ayu tur resik, pinter micara sisan. Nalika nyapu ora sengaja
aku krungu kowe rengeng –rengeng lagune spice girl, Hanson, Celine Dion, kanthi bahasa Inggris kang fasih. Uga caramu
masak, yen wong Ngudi Kerta masak sega goreng ora nggawa margarin,sosis, baso, urang lan saos tomat. Selera marang TV
uga mengkono seneganmu rak acara abot – abot kaya berita, aneka dialog, saksi sing dakkira dudu konsumene pembantu.
“Aku uga tau ngonangi kowe maca buku bukune Niken lan ngrewangi dheweke ngarap tugase, yen Niken kena koko apusi, aku
ora, sapa kowe sabenere ?”
Ø Suspense.
“Mas Bayu karo mbak Niken ngerti apa ora asal usule Tatik”

You might also like