You are on page 1of 2

Amarga Salah Paham

Sawijining dina, ora kaya biasane Lala lan aku minangka kanca kenthel iku meneng-
menengan lan wis rong dina ora guneman, amarga kuwi Tasya bocah pindahan anyar
nyoba nengahi supaya paseduluran antara Lala lan aku iku ora pedhot.

“La, aku delok-delok wis rong dina kowe rak bertegur sapa karo Lina, memange kowe
ono masalah ya karo Lina?”, pitakone Tasya.

“Ora ono apa-apa.”, jawabe Lala singkat.

“Ayo to La, ora usah ngapusi kalian kan konco kenthel.Mesti ono sesuatu sing mungkin
wae aku bisa bantu.”, bujukke Tasya.

“Sebenere pancen aku karo Lina wis ora sapa aruh rong dina iki, tapi iki mergo salah
paham kok, mosok buku sing disilih Lina ki ngakune wes dibalekakke, padahal ken-
yataane durung mbalik ning aku, nanging jare Lina wes dibalikke pas dolan ning omah.
Malah nganti ngomong aku pikun.”, omonge Lala.

“Ooo ngono to, tapi memang kowe wes golek ning tempat liya liyane meja belajarmu,
La?”, takone Tasya ning Lala.

“Apa kowe ya nuduh aku pikun?, jawabe Lala.

“Yo rak ngono, aku kan cuma takok, mengko aku entuk kan dolan ning omahmu, tak
nyoba bantu golekki sekalian sinau bareng, piye La?”, takone Tasya.

“Yowes, sinau bareng wae ning omahku.”, jawabe Lala.

Sejam sedurunge ning omahe Lala..

“Dadi ngono ceritane Tas, mosok aku ngapusi to wong wis tak balikke pas aku dolan
ning omahe kok.”, omonge Lina.

“Ooo ngono ceritane Lin, hmm mungkin Lala lali nek bukune wes dibalikke yo.”,
omonge Tasya marang Lina.

“Lagian Lala ki lalinan Tas, muga-muga bukune pancen mung ketlingsut, aku yo dadi
rak penak mergo buku dadi meneng-menengan ngene.Dikirane aku rak iso jaga aman-
ah.”, jare Lina.

“Yowes, mengko sore melu aku wae sinau bareng ning omahe Lala, sisan jelaske.”,
ajakke Tasya.

“Yo wis, aku melu.Aku yo bakal ganti nek bukune ilang kok.”, omonge Lina.
Sore iku ning omahe Lala...

“Lin, aku jaluk ngapuro yo jebul bukune pancen wis mbok balikke, tapi mergo tak nggo
sinau terus ketlingsut dadi raono.Dhek awan tak temu pas resik-resik kamar, maaf yo
wes nuduh kowe.”, omonge Lala marang Lina.

“Aku ki yo kepikiran terus, wis ora papa, aku yo jaluk ngapuro wes ngenengke kowe, La.”
, jawabe Lina.

“Nah ngono to kalian kan konco kenthel, wis kudune saling maafke.”, omonge Tasya.

ditulis dening Hasna Wuri A.A

You might also like