You are on page 1of 13

---------------------------------------

Sastra Jawa :
Program Digitalisasi Sastra Daerah,
Yayasan Sastra Lestari
Surakarta, Indonesia
http://www.sastra.org/index.php
---------------------------------------
Dikumpulkan & diunduh oleh jebalkober
---------------------------------------

Judul :
Andhaning G�sang, Prawiraatmaja, 1931, #1603

Katalog : Andhaning G�sang, Prawiraatmaja, 1931, #1603


Sambung : -S�rat Andhaning G�sang

--- 1 ---

Amratelakak�n tatar-tataran darajating manusa, wiwit saking ngam, maj�ng-maj�ng


ngantos dumugi nabi utawi kawasul kawas. Kanthi kat�rangak�n margi-marginipun
kalihan ringk�s, mawi t�t�mbungan ingkang c�tha.

Karanganipun: Prawiraatmaja, ing Surakarta.

SOLO 1931 DRUKKERIJ & BOEKHANDEL "KALIMASADA"

--- 2 ---

S�rat Andhaning G�sang

Amratelakak�n tatar-tataran darajating manusa, wiwit saking ngam, maj�ng-maj�ng


ngantos dumugi nabi utawi kawasul kawas. Kanthi kat�rangak�n margi-marginipun
kalihan ringk�s, mawi t�t�mbungan ingkang c�tha.

Karanganipun: Prawiraatmaja ing Surakarta.

SOLO 1931 DRUKKERIJ & BOEKHANDEL "KALIMASADA"

--- 3 ---

B�buka

Wiyosipun S�rat Andhaning G�sang punika, namung impunan saking pit�dahing s�rat-
s�rat ingkang sampun gum�lar, dados ingkang ngarang punika dede tuking kawruh
ingkang kaw�dharak�n, upaminipun w�warah punika wujud banawi, ingkang ngarang
namung min�ngka jurangipun, inggih punika talang il�n-il�n margining kawruh, dene
tukipun ingkang sajati, saking para linangkung ingkang sampun sami ngambah dumugi
ing kasunyatanipun. Sar�hning lampahipun piwulang punika, sampun tumimbal-timbal
dhumawah ing para sujana sarjana, upami ilining toya banawi kados sampun pant�s
kemawon, bilih sampun kirang b�ning kados nalika saw�g tus saking sumb�ripun
ingkang sajati, awit sampun kamomoran lumpur saking kiwa-t�ng�n ing samargi-margi,
dados upami w�warahipun s�rat punika sampun wont�n kirang pajaripun utawi

--- 4 ---

wont�n salisiripun sak�dhik, sampun bot�n an�h. Manawi kalaksanan wont�n ingkang
makat�n, kaangg�pa saking kal�patanipun ingkang ngarang s�rat punika piyambak,
ingkang ngarang nyuwun pangaksama, para manungkara mugi anj�mbarak�n ing pam�ngku,
ng�gungak�n sih pangapunt�n, dening sajatosipun ingkang ngarang taksih tuna ing
kawruh, t�bih saking sarjana niti, purunipun ngarang amung kasurung saking k�dah-
k�dahipun angulahak�n kawajiban, biyantu kamaj�nganing jagad, tumandang sasag�d-
sag�dipun, paribasan namung gana d�dam�l arit buntung, m�ksa maj�ng ing rana
ang�tog kapurunan, ngatingalak�n katab�r�n. Ananging sanadyan saupami w�warahipun
panc�n p�t�ng sarta kathah l�patipun, mugi para manungkara bot�n k�mba, laj�ng
angangg�p bilih tanpa paidah, awit sadaya manusa kadunungan l�landh�ping panggalih,
ingkang kenging kangge anglimbang ngantos sag�d madosi pathinipun, ambucal
r�r�g�dipun.

--- 5 ---

Makat�n punika sok ugi panc�n marsudi bab kawruh, sarta talatos, amila k�dah awas
saha prayitna. Lampah makat�n punika, sajatosipun bot�n namung maos tumrap s�rat
punika kemawon, sanadyan sadhengaha s�rat, sok ugi bab kawruh kasuksman, bilih
bot�n kalimbang kanthi talatos miwah awas tuwin prayitna, sampun tamtu tang�h
sag�dipun manggih pathining kawruh, ingkang dados kawigatosaning piwulang. Wusana
sum�ngga ing panggalih.

Pangarangipun s�rat punika, wont�n ing nagari Surakarta, sal�b�ting warsa


cin�ndras�ngkala: Ratu obah ng�sthi nabi.[1]

--- 6 ---

...

--- 7 ---

W�dharing W�warah

L�lampahan Sami Dados Kawruh

Mila sadaya sami sag�d dados s�n�nging manah. Sakit lan sangsara langkung paidah
tinimbang eca lan sakeca. Mila s�n�ngipun manawi nandhang sakit, angungkuli manawi
manggih sakeca.

Lampahing dumadi sadaya punika maj�ng ang�n�r dhat�ng kamulyan, makat�n ugi
lampahipun g�sanging manusa, inggih maj�ng-maj�ng t�rus, wusana anjog ing t�l�nging
dunung, ingkang panc�n k�dah ginayuh ing sadaya manusa. M�nggah sadaya agami,
sadaya piwulang kasuksman, sadaya piwulang kasusilan, punika paidahipun ingkang
ag�ng sang�t, pr�lu kangge ngrancagak�n lampahipun g�sanging manusa. Dene ingkang
dipun wastani lampahipun g�sanging manusa ing ngriki, punika maj�ng-maj�nging
kawruhipun, sadaya l�lampahan ingkang pinanggih ing manusa, punika sami dados
kawruh, [ka...]

--- 8 ---

[...wruh,] inggih kawruh ingkang saking nyatakak�n utawi ngalami piyambak, punika
langkung sae tinimbang ingkang namung g�thok tular, saking pituturipun sasamining
manusa, dados gunggunganipun, sadaya ingkang pinanggih ing manusa punika, sanadyan
anjalari sakit utawi sakeca, bingah utawi sisah, sami kemawon, sadaya nama dados
kab�gjanipun manusa, t�g�sipun dados kauntunganipun manusa, inggih punika anjalari
w�wah-w�wah utawi maj�ng-maj�nging kawruhipun, wusana badhe ngantos dumugi sampurna
ing kawruh. Mila sanadyan wont�n manusa ingkang sawanganipun katingal kadondene[2]
mundur, sajatosipun punika inggih maj�ng-maj�ng t�rus, dados manusa ingkang sampun
sag�d ngangge kawruh makat�n punika: sakit, sakeca, b�gja, cilaka, mulya, sangsara,
ingkang sami pinanggih piyambakipun, sami katampi sae sadaya kalayan dhangan
s�n�nging manah, wont�nipun namung sarwa iya, kab�h prayoga. [prayo...]

--- 9 ---

[...ga.] Ngantos bot�n wont�n kawont�nan ingkang bot�n dam�l s�n�nging manahipun,
dados manahipun tansah k�bak kas�n�ngan, bot�n nate bot�n s�n�ng ing manah. Sakit
lan sangsara punika langkung ag�ng pigunanipun, tinimbang kalihan eca lan sakeca,
amargi langkung ag�ng dayanipun, inggih saking ngraosak�n sakit lan sangsara
ingkang sang�t, punika ingkang sag�d anggigah panggraita angudi kawruh ingkang
luhur, ngantos sag�d nang�kak�n patobat, laj�ng gadhah d�r�ng k�nc�ng anjangkah
kamulyan ingkang sajati. Inggih awit saking punika, mila wont�n manusa ingkang:
manawi manggih sakit lan sangsara, malah langkung s�n�ng tinimbang kalihan manawi
manggih eca lan sakeca.

--- 10 ---

Maj�ng Tigang Tataran

Margi Dumugi Jatining Kamulyan

Bot�n sag�d dumugi manawi bot�n mawi nglangkungi tataran sakawan sadaya kalayan
turut, sint�n ingkang lair jl�g sampun dumugi ing tataran t�ngah utawi luhur, tamtu
suwau sampun nate lair ing ngalam dunya ngriki kanthi ngudi maj�nging kawruh.

M�nggah maj�ng-maj�nging lampahipun g�sanging manusa, inggih punika maj�ng-


maj�nging kawruhipun, kenging kawijangak�n maj�ng kaping tigang tataran ag�ng,
kados ingkang kapratelakak�n ing ngandhap punika.

1. Ingkang rumiyin, kawitanipun taksih dados tiyang ngam, utawi tiyang ngawam,
dumunung ing tataran �ngka satunggal. Ngam utawi ngawam t�g�sipun suwung,
kaj�ngipun suwung ing kawruh.

2. Tiyang ingkang sampun maj�ng satataran, dumugi

--- 11 ---

ing tataran �ngka kalih, dipun wastani tiyang kas. Kas t�g�sipun tamtu, inggih
punika tamtu sag�d widada ing s�dya, angrancagak�n lampahipun, ngantos dumugi ing
t�l�nging dunung g�gayuhanipun manusa.

3. Tiyang ingkang sampun maj�ng kalih tataran, dumunung ing tataran �ngka tiga,
dipun wastani tiyang kawas. Kawas t�g�sipun langkung tamtu, inggih punika langkung
tamtu tinimbang kalihan tiyang kas.

4. Tiyang ingkang sampun maj�ng tigang tataran, dumunung ing tataran �ngka sakawan,
dipun wastani nabi utawi ambiya, dipun wastani malih kawasul kawas. Kawasul kawas
t�g�sipun langkung tamtu sang�t, tinimbang kalihan kaswargan saha kawas.

Darajat kawan tataran, wiwit sanging[3] ngam, laj�ng kas, laj�ng kawas, ngantos
dumugi kawasul kawas, punika panc�n tataran maj�ng-maj�ngipun manusa, �ndha
marginipun manusa sag�d dumugi t�l�nging g�gayuhan, [g�ga...]

--- 12 ---

[...yuhan,] t�g�sipun manawi manusa bot�n anglangkungi margi punika wau kalayan
turut, tamtu bot�n sag�d dumugi ing don ingkang linuhung, inggih punika panggenan
sampurnanipun jatining kamulyan. Dados manusa wajib angangkah sag�dipun angancik,
wiwit saking ngandhap urut maj�ng-maj�ng minggah, ngantos dumugi pungkasan ingkang
luhur piyambak. Darajat kawan tataran punika, ugi w�nang sag�d kagayuh ing manusa
ing dal�m salairan, ananging ingkang sag�d makat�n punika, sa�stunipun awis sang�t,
b�basan sak�thi sawiji taksih ombyokan, ingkang tamtu ngantos pint�n-pint�n lairan.
Sasampunipun manusa lair ngantos ngalam dunya. Ngantos wongsal-wangsul marambah-
rambah, ngantos tuwuk angraosak�n sangsara, ngantos tuwuk angudi kawruh, ing ngriku
ingkang tamtu saw�g sag�d dumugi. Manusa ingkang sag�d aj�g maj�ng-maj�ng
satataran, ing dal�m salairan kemawon, amung manusa p�pilihan ingkang panc�n
[pa...]

--- 13 ---

[...nc�n] linangkung. Inggih punika langkung k�kiyataning badanipun, langkung


landh�p manahipun, langkung santosa saha rosa b�bud�nipun. Dados manawi wont�n
manusa ingkang sampun dumugi ing tataran t�ngah, utawi tataran pungkasan, m�ngka
wiwit lare d�r�ng wont�n lampahipun, ingkang pant�s anjalari dumugi ing tataran
ngriku, punika mratandhani bilih suwaunipun, sampun nate lair ing ngalam dunya
kanthi ngudi maj�nging kawruh. Pangudinipun maj�nging kawruh nalika lair ing
ngaj�ng, ingkang anjalari g�sangipun ing wingking sag�d dumugi ing tataran wau.
Dados bot�n wont�n manusa saw�g lair sapisan, tanpa mangudi laj�ng jl�g asipat:
kas, wali, utawi nabi.

Awit saking: kas, wali, nabi, punika asal kamulanipun ing ngaj�ng inggih manusa
walaka, kados manusa limrah punika, mila inggih w�nang dados guru utawi
t�tuladaning manusa. Saupami asal [asa...]

--- 14 ---

[...l] kamulanipun ing ngaj�ng dede manusa walaka, tamtu bot�n w�nang dados
panutaning manusa walaka. Awit ingkang makat�n punika, badhe kadondene liman n�dya
jum�n�ng dados panutaning sima, marentah dhat�ng sima mawi t�paning liman: sar�hne
aku kacukup bisa urip kalawan mangan suk�t, dadi m�sthine kowe iya kudu bisa urip,
kacukup mung kalawan mangan suk�t bae. Ingkang makat�n punapa sag�d kalampahan.
Tamtu bot�n. Mila w�warahipun para nabi an�rangak�n: sadaya ingkang kaparentahak�n
para nabi, para nabi wau sampun anglampahi piyambak, awit wajibing tiyang mulang
punika, k�dah inggih sag�d anglampahi piyambak. Makat�n punika tamtu inggih
mratandhani, bilih para nabi punika sampun nate dados tiyang walaka, kados t�tiyang
ingkang sami katuntun, bot�n namung tindat[4] ingkang kaparentahak�n kemawon,
ingkang sampun nate dipun lampahi. [lampah...]

--- 15 ---

[...i.] Kajawi makat�n, dados inggih matandhani ugi, bilih sadhengaha t�tiyang
walaka, punika inggih w�nang anggayuh darajat nabi. Awit sadaya ingkang sag�d
kagayuh ing satunggaling manusa, tamtu manusa san�sipun inggih ugi sag�d anggayuh,
sok ugi angg�nipun minangkani, inggih ugi kados ingkang sampun kalaksanan kawasa
anggayuh. Punapa malih para nabi tamtu inggih m�mulang dhat�ng para manusa,
anggayuh sadaya punapa ingkang sampun sag�d kagayuh, miwah ingkang badhe dipun
gayuh ing panj�n�nganipun. Makat�n t�t�pipun ingkang nama panuntun sajati, utawi
panutan sajati. Saupami bot�n makat�n say�ktos, inggih punika panj�n�nganipun t�m�n
milih mangal�r, siswanipun namung sami kapardi mangidul t�rus, tanpa mawi
pag�dhongan, punika bot�n t�t�p nama panuntun utawi panutan, ingkang k�dah
ka�stokak�n parentahipun, katulad lampah jantranipun, tuwin kadh�r�k [kadh�...]

--- 16 ---

[...r�k] tindakipun. Dene wont�nipun piwulanging para nabi, wont�n ingkang


katingalipun bot�n an�nuntun panggayuh dumugi darajat nabi, punika namung saking
kadam�l w�rit, amargi w�dharing w�warah punika, kaukur kalihan k�kiyataning manusa.
Ukuraning manusa ingkang limrah, namung kuwawi namp�ni piwulang kados ingkang
kag�lar kangge ing akathah. Sab�n wont�n manusa ingkang sampun langkung
k�kiyatanipun saking salimrahing manusa, laj�ng sag�d kabuka piyambak dhat�ng
piwulang ingkang kadam�l w�rit. Saya langkung k�kiyatanipun, saya sag�d kabuka
dhat�ng ingkang langkung w�rit malih, wusana sag�d priksa dhat�ng ingkang l�b�t-
l�b�t sadaya, ngantos ingkang w�rit-w�rit katingal c�tha, ingkang p�t�ng-p�t�ng
katingal padhang. Dados piwulang ingkang kadam�l w�rit wau, panyimp�nipun inggih
katitipak�n ing piwulang ingkang gum�lar, nanging pilih janma ingkang uninga.
Piwulang kasuksman ingkang makat�n punika, limrahipun sum�bar [su...]

--- 17 ---

[...m�bar] ing tanah, ingkang t�tiyangipun d�r�ng diwasa kasuksmanipun. Saupami


dipun sukani piwulang ingkang dede saukuripun, saking sum�r�p ang�ling marginipun,
awrating l�lampahanipun, asring w�gah anglampahi, w�kasan angl�p�h dhat�ng
piwulang, bot�n kenging tinuntun maj�ng, dados piwulangipun tanpa guna. Dene
piwulang kasuksman, ingkang laj�ng ng�blak an�dahak�n g�gayuhan ingkang luhur,
punika tamtu sum�bar ing tanah, ingkang t�tiyangipun sampun racak-racak diwasa
dhat�ng kawruh kasuksman.

Tiyang ngawam ingkang laj�ng sampun dados tiyang kas, punika laj�ng sampun dede
tiyang ngawam, awit tiyang ngawam punika tiyang ingkang taksih suwung ing kawruh,
inggih punika d�r�ng sum�r�p dhat�ng jatining g�sangipun pribadi, ingkang g�sang
langg�ng, ingkang bot�n kenging risak utawi sirna. Nanging tiyang kas punika tiyang
ingkang sampun sum�r�p dhat�ng jatining g�sangipun pribadi, [priba...]

--- 18 ---

[...di,] dados ingkang makat�n wau sampun dede tiyang ingkang suwung ing kawruh.

Tiyang kas ingkang laj�ng sampun dados wali utawi tiyang kawas, punika inggih ugi
taksih nama tiyang kas, nanging sampun mindhak kawruhipun.

Tiyang kawas ingkang laj�ng sampun dados nabi utawi kawasul kawas, punika inggih
ugi taksih nama tiyang kas utawi kawas, nanging sampun saya mindhak malih
kawruhipun.

Dados gr�banipun manusa punika namung wont�n kalih warni, inggih punika: ngawam
kalihan: kas. Nanging tiyang kas punika wont�n ingkang saw�g maligi kas, wont�n
ingkang sampun kawas utawi kawasul kawas. Ingkang dipun wastani saya mindhak
kawruhipun punika, saya waspada dhat�ng jatining g�sangipun, ing ngriku saya wijang
kalihan raganipun, binasakak�n saya b�nggang kalihan raganipun, ngantos sampun
bot�n mawi uwas-uwas malih pangangg�pipun bilih:

--- 19 ---

raga iku dudu aku, aku iki dudu raga, sak�hing b�baya iku mung bisa ng�nani marang
raga, ora bisa ng�nani marang aku. Mila tiyang kas punika sabarang lampahipun,
sampun sag�d angangge kaol sak�h, inggih punika gadhah kasantosaning s�dya. Purun
anglaj�ngak�n tindakipun, sanadyan manggih b�baya ngantos dumugi ing p�jah dipun
t�mpuh. Awit ingkang p�jah muhung raganipun, pribadinipun langg�ng g�sang waluya
maha mulya tanpa kara-kara. Beda kalihan tiyang ngam, sum�r�pipun: aku iku iya
uriping raga iki, k�na ing lara pati sap�padhane. Mila limrahipun ajrih dhat�ng
b�baya, manawi lampahipun kap�thuk ing b�baya pinilaur mundur, endha, ngoncati
b�baya, dipun wastani ngangge kaol laip, inggih punika ng�ng�ti ap�s ringkihing
g�sangipun. M�nggah t�ranging wijangipun malih bab darajat kawan tataran wau, badhe
kapratelakak�n satunggal-satunggal ing wingking.

--- 20 ---

Tiyang ngawam
Maj�ng-maj�nging kawruh, sontan-santuning watak b�bud�n, ing sal�b�tipun taksih
dados tiyang ngawam. Wiwit taksih ajrih sakit ngupados sakeca, ngantos tobab[5]
ngupados sakeca, purun dhat�ng sakit. Sadaya panandhang sampun karaos �nth�ng,
t�mah k�nd�l sarta kuwawi dhat�ng brata.

Sampun kacariyosak�n ing ngaj�ng, tiyang ngawam punika tiyang ingkang taksih suwung
ing kawruh, inggih punika d�r�ng sum�r�p dhat�ng jatining g�sangipun pribadi,
ingkang g�sang langg�ng bot�n kenging risak utawi p�jah, s�s�r�panipun: g�sangipun
inggih g�sanging raga ingkang kenging sakit p�jah punika, mila taksih kathah uwas
kuwatiring manah, ajrih dhat�ng b�baya, ngupados eca sakeca, r�m�n ing kabingahan,
eca sakecaning badan miwah bingah

--- 21 ---

s�n�nging manah kaangg�p kamulyan, dene ingkang kaangg�p sangsara, punika sakit
tuwin sisah. Kados makat�n nalika d�r�ng maj�ng kawruhipun. Nanging manawi sampun
maj�ng kawruhipun, laj�ng santun pangangg�pipun, sakit sakeca, bingah sisah, punika
sadaya laj�ng kaangg�p sami wujuding sangsara. Dene ingkang kaangg�p kamulyan,
inggih punika kamulyan ingkang sajati, punika bot�n mawi sakit, bot�n mawi sakeca,
bot�n mawi bingah, bot�n mawi sisah, wont�nipun namung t�ntr�m, langg�ng. Sakit
sakeca bingah sisah punika sami wujuding sangsara, namung kemawon beda sipatipun.
Sakit tuwin sisah, punika sipating sangsara kang awrat sinandhang. Eca sakeca
bingah s�n�nging manah, punika sipating sangsara ingkang �nth�ng sinandhang. Manawi
sakit sampun sag�d dados bingah s�n�nging manah, inggih laj�ng dados sipating
sangsara ingkang �nth�ng sinandhang. Nanging sag�dipun sakit andadosak�n bingah
s�n�nging

--- 22 ---

manah punika, manawi sampun sum�r�p ag�nging paidahipun. Inggih punika: sakit tuwin
sakeca kaangg�p sami kemawon, sadaya sami wujuding sangsara. Sangsara paidah dados
panggigahing manah, ngudi uwal saking sangsara. Sakit punika dados p�p�cut ingkang
langkung pr�mati, dados langkung ag�ng paidahipun tinimbang kalihan sakeca, mila
s�n�ngipun manawi sakit angungkuli manawi manggih sakeca. Sakawit manusa punika
n�dya angendhani sakit lan sisahing manah, awit namung punika ingkang kaangg�p
wujuding sangsara. Sami karaya-raya ambuj�ng eca sakeca bingah s�n�nging manah,
awit punika ingkang kaangg�p wujuding kamulyan, saha kaangg�p kawont�nan ingkang
sampun wont�n sajawining sangsara, sampun oncat saking sangsara, sampun b�nggang
kalihan sangsara, sampun t�bih kalihan sangsara. Ananging lampahipun punika
kacelik, kosokwangsul bal�j�d kalihan pangint�ning manah saha pangaj�ng-aj�ngipun.
S�dyanipun [S�...]

--- 23 ---

[...dyanipun] angendhani sakit t�mahanipun murugi sakit, s�dyanipun angendhani


sisah t�mahanipun dados murugi sisah, s�dyanipun pados eca sakeca t�mahanipun
manggih sakit, s�dyanipun pados bingah t�mahanipun manggih sisah. Punapa liripun.
Inggih punika: pint�n-pint�n manusa ingkang lampahipun bot�n kas�mbadan ing s�dya.
Malah manggih sakit tuwin kasisahan, sanadyan ingkang sami kas�mbadan ing s�dya
manggih kabingahan pisan, t�mahanipun inggih namung dados sisah ugi, j�r bingahipun
bot�n wont�n ingkang lana. Punapa wont�n ta: tiyang ingkang manggih kabingahan
kemawon, tanpa mawi manggih kasisahan. Tamtu bot�n wont�n. Awit bingah punika
gandhenganipun kalihan sisah, bot�n sag�d pisah. Sab�n taksih sag�d ngraos bingah,
tamtu taksih sag�d ngraos sisah. Sab�n taksih sag�d manggih bingah, tamtu taksih
kataman sisah. Angg�r taksih ngupados sakeca, tamtu taksih [ta...]

--- 24 ---
[...ksih] badhe manggih sakit. Angg�r taksih ngupados kabingahan, tamtu taksih
badhe manggih kasisahan. Kas�mbadanipun p�penginaning manusa punika bot�n sag�d
dados pamar�m, nanging malah tuman gadhah p�penginan. Awit p�penginan ingkang dipun
turuti punika, tamtu laj�ng subur saya ag�ng sarta kae-kae. Kados tan�m tuwuh
ingkang karabuk, kasiram, kadhangir, kaupakara sae, dadosipun laj�ng subur lan
ng�pang kathah. Bilih p�penginan punika sampun saya ag�ng, saya ngr�bda ng�mbra-
�mbra kae-kae, tamtu laj�ng bot�n kas�mbadan, w�kasanipun dados sisah. Mila
gr�banipun lampahing manusa ingkang taksih kados makat�n wau, ubang-ub�ng taksih
kasasar-sasar murugi kasisahan, ewasamant�n, manawi manusa saw�g kab�ntus-b�ntus,
kaj�glong-j�glong, kaping kalih kaping tiga kemawon, d�r�ng sag�d kraos bilih
kasasar lampahipun, malah sanadyan kaping sadasa, [sada...]

--- 25 ---

[...sa,] ngantos kapinga satus pisan, inggih awis ingkang laj�ng sampun angrumaosi.
Sag�dipun laj�ng ngrumaosi punika ingkang tamtu saking tigang prakawis: 1. Saking
sampun k�r�p kab�ntus-b�ntus ingkang ngantos marambah-rambah, 2. Saking sampun
k�r�p mir�ngak�n pit�dah ingkang l�r�s. 3. Saking sampun anyum�r�pi t�pa tuladha
ingkang c�tha. Manawi manusa sampun sum�r�p, bilih g�sang ingkang limrah punika,
prasasat namung k�bak kasisahan kemawon, kaping kalih sampun mangr�tos punapa
ingkang dipun wastani jatining kamulyan, ing ngriku asring laj�ng gadhah tobat
angraosak�n g�sang sangsara. Inggih punika tobat g�sang kados g�sang ingkang
sampun-sampun, tobat ngupados eca sakeca bingah s�n�nging manah, ngudi sag�dipun
endha saking kawont�nan ingkang makat�n wau. Sasampunipun manusa tobat ngupados eca
sakeca, ing ngriku sakit lan sakeca laj�ng karaos sami kemawon. Saha sar�hning

--- 26 ---

sampun kasum�r�pan ag�nging paidahipun, tamtu laj�ng dados s�sawanganing g�sangipun


ingkang any�n�ngak�n. Kas�n�ngan makat�n punika, beda kalihan kabingahan ingkang
sag�dipun pinanggih k�dah sarana ng�nthu-�nthu dipun upaya, amargi bot�n adam�l
subur saha ng�pang dhat�ng p�penginan. G�sang ingkang kados makat�n punika,
sanadyan d�r�ng wont�n sajawining l�lampahan, ananging kados sampun wont�n
sajawining l�lampahan. Sanadyan ing lair katingalipun ing tiyang san�s kados papa
sangsara, ananging ing dal�m manahipun sakalangkung mulya. Sanadyan mangg�n wont�n
ing asunya, ananging sami kalihan ingkang l�lang�n wont�n ing taman, ingkang
sakalangkung asring an�ngs�mak�n, awit s�ngs�ming manah anyawang l�lampahaning
badanipun punika, bot�n pae kalihan nyawang w�wangunan ingkang adi a�ng.
Sasampunipun sakit sakeca karaos sami kemawon, sadaya kaangg�p paidah, [pa...]

--- 27 ---

[...idah,] sadaya dam�l s�n�nging manah, sadaya karaos �nth�ng panandhangipun.


Manusa laj�ng bot�n ajrih sakit, r�kaos, kangelan, t�mah kadunungan k�nc�ng santosa
ing budi, bot�n ajrih sapint�n awrating brata, kangge minangkani kas�mbadaning
s�dya. Angg�nipun n�dya oncat saking kawont�nan ingkang sangsara, manjing dhat�ng
dununging kamulyan jati, inggih punika kat�ntr�man ing langg�ng. Manawi manusa
sampun makat�n, ingkang kathah badhe sag�d dumugi ing kasidaning s�dya. Inggih
punika sampun badhe sag�d dumugi ing tataran �ngka kalih, dados tiyang kas,

--- 28 ---

Tiyang Kas

Kawont�nan tuwin warni-warninipun tiyang kas. Jatining kamulyan, p�jah sad�r�ngipun


p�jah, k�k�nd�lanipun tiyang kas.

Tiyang kas punika tiyang ingkang sampun kasinungan kawruh, inggih punika sampun
sum�r�p dhat�ng jatining g�sangipun ingkang langg�ng, ingkang bot�n kenging risak
utawi sirna, bot�n sag�d kenging baya pak�w�d, bot�n sag�d kataman panandhang
sakit, sangsara sasaminipun. Inggih ingkang widada g�sang, ngantos dumugi
sabakdanipun g�sang ing ngalam dunya. Inggih punika ingkang binasakak�n g�sang ing
ngakirat. Inggih rasa jatining g�sang punika raos ingkang pinanggih ing ngakirat.
Inggih punika kamulyaning g�sang ingkang sajati, inggih rasa jatining kamulyan
utawi kamulyan jati. Dados ingkang dipun wastani manggih kamulyan jati, punika dede
tiyang ingkang manggih barang-barang [ba...]

--- 29 ---

[...rang-barang] ingkang langkung endah, utawi manggih t�t�dhan ingkang adi a�ng,
nanging tiyang ingkang sampun sag�d ngraosak�n rasa jatining g�sangipun pribadi,
bot�n samb�t kalihan punapa-punapa, wont�nipun namung t�ntr�m, langg�ng, santosa,
j�nj�m, sidh�m pr�man�m, nirmala nulus tanpa kara-kara. Awit saking punika, mila
tiyang kas punika dipun wastani tiyang ingkang sampun angsal kamulyan ing ngakirat.
Inggih kados makat�n punika ingkang winastan: sampun p�jah ing sad�r�ngipun p�jah,
sag�d g�sang ing sabakdaning g�sang. Dados ing ngakirat punika, tumrap
panj�n�nganipun bot�n ing t�mbe, nanging inggih ing sapunika kemawon, tandhanipun,
sal�b�tipun taksih g�sang wont�n ing ngalam dunya, sajatosipun sampun g�sang wont�n
ing ngakirat.

S�s�r�panipun tiyang kas dhat�ng jatining g�sangipun pribadi, kados ingkang kas�but
ing ngaj�ng wau, sampun [sa...]

--- 30 ---

[...mpun] bot�n mawi samar-samar utawi s�mang-s�mang malih, ngantos kadugi ngant�pi
kalayan tanpa uwas-uwas utawi kuwatos. Sok angg�r taksih gadhah uwas-uwas, t�ndha
kawruhipun taksih samar-samar, punika kaewokak�n d�r�ng sum�r�p, dados d�r�ng t�t�p
nama kas. Saking d�r�ng diwasa kawruhipun, dados taksih kathah samar-samaripun,
taksih ag�ng s�mang-s�mangipun, taksih kand�l uwas kuwatosipun. Sab�n saya diwasa
ing kawruh, sadaya wau saya suda, manawi sampun sampurna kadiwasanipun, laj�ng
sag�d sirna babarpisan, ing ngriku t�t�pipun nama kas sajati. Mila badhe dados kas
punika ingkang pr�lu sang�t andiwasakak�n kawruhipun. Saking punapa-punapa sampun
dipun lampahi, dipun mangr�tosi, dipun ambah, saha dipun sum�r�pi, tamtu enggal
diwasa. Sasampuning manusa ical samar-samaring s�s�r�pan tumrap dhat�ng jatining
g�sangipun, tamtu ical girising [giri...]

--- 31 ---

[...sing] manah dhat�ng warni-warnining bilai. Sapint�n kand�l tipising samar-


samaripun, dados ukuraning ajrih giris, kak�nd�lan tuwin kapurunanipun dhat�ng
bilai. Saya ical samar-samaripun, saya ical kajirihanipun, saya ag�ng
kak�nd�lanipun. Ananging kak�nd�lanipun tiyang makat�n wau, bot�n k�nd�l dhat�ng
lampah awon, dados bot�n mutawatosi ing akathah. Awit tiyang ingkang k�nd�l dhat�ng
piawon, punika sajatosipun saking taksih ag�ng kajirihanipun, kados ta: ajrih
manawi k�wudan, ajrih manawi k�luw�n, ajrih manawi kamlaratan, ajrih manawi bot�n
angsal kabingahan, ajrih manawi sakit, ajrih manawi p�jah. Mila dados anglampahi
awon, pr�lu kangge ngendhani ingkang dados ajrihing manahipun. Kosokwangsul kalihan
tiyang kas, k�wudan kadugi, k�luw�n kadugi, kamlaratan kadugi, sakit kagi,[6] p�jah
kadugi, tanpa manggih kabingahan inggih [ing...]

--- 32 ---

[...gih] kadugi. Dados bot�n pr�lu karaya-raya n�mpuh nglampahi awon. Mila sab�n
manusa sampun ical samar-samaring kawruhipun, laj�ng ical girising manah dhat�ng
warn-warnining bilai, amargi laj�ng sampun bot�n mawi s�mang-s�mang malih, bilih
sajatosipun badan punika dede pribadinipun, pribadinipun dede badan. Ingkang sag�d
kenging alangan, sisah, sakit, risak, l�bur, p�jah, punika muhung badan.
Pribadinipun bot�n mawi kataman punapa-punapa. Sanadyan manusa punika manggih
l�lampahan punapa kemawon, sajatosipun inggih kuwawi, ingkang gadhah raos bot�n
kuwawi punika namung raos pangraosipun, sajatosipun inggih kuwawi. Kathah tiyang
wicant�n: aku ora kuwat anglakoni. Nanging tibanipun inggih kuwawi. Mila dipun
wastani l�lampahan, sajatosipun namung dipun langkungi, manawi sampun dipun
langkungi, laj�ng t�rang bilih sampun bot�n wont�n [wont�...]

--- 33 ---

[...n] punapa-punapa, mila wont�nipun namung tansah kuwawi kemawon. Sakit kuwawi,
sisah kuwawi, kangelan kuwawi, p�jah inggih kuwawi. T�g�sipun kuwawi punika ingkang
kuwawi jatining g�sangipun. Mila b�basanipun, tiyang kas punika: sampun bot�n sisah
sabab dening kamlaratan, bot�n gugup sabab dening kap�ngkok ing p�ncabaya, bot�n
giris sabab dening ngadh�pak�n bilai, bot�n ajrih sabab dening sakit, bot�n b�bakal
sabab dening badhe tilar dunya. Awit sadaya wau sampun bot�n angebahak�n dhat�ng
kawont�nanipun.

Tiyang kas punika wont�n warni kalih, ingkang satunggal ingkang sampun bot�n r�m�n
dhat�ng kadunyan, inggih punika ingkang sampun wirangi, kaj�ngipun sukci, sampun
bot�n r�m�n dhat�ng sadaya-daya, ingkang sag�d anarik dados angraosak�n panandhang
sisah utawi sakit. Dene satunggalipun ingkang

--- 34 ---

taksih r�m�n dhat�ng kadunyan, inggih punika taksih r�m�n ngupados eca sakeca
bingah s�n�nging manah, punika dipun wastani d�r�ng wirangi. Ingkang taksih r�m�n
dhat�ng kadunyan, punika inggih uninga bilih taksih ngupados sakeca punika, tamtu
taksih badhe manggih sakit, bilih taksih ngupados bingah punika, tamtu taksih badhe
manggih sisah, bilih taksih r�m�n suka gumuj�ng punika, tamtu taksih badhe asring
b�ngak-b�ngok, ananging panj�n�nganipun ingkang makat�n punika bot�n ajrih, sampun
dipun s�ngaja: sakit, sisah, b�ngak-b�ngok, inggih kaj�ngipun, sabab ng�nd�lak�n
kuwawi, bot�n dados punapa. Amung kemawon, tiyang ingkang sampun kados makat�n
punika, sanadyan kenging panandhang, angg�nipun nandhang inggih beda kalihan tiyang
limrah, sajatosipun inggih sampun karaos �nth�ng, awit sakitipun tiyang ingkang
sampun purun sakit, punika beda kalihan sakitipun [saki...]

--- 35 ---

[...tipun] tiyang ingkang taksih sang�t ajrih ing sakit. Sisahipun tiyang ingkang
sampun sum�r�p, bilih sajatosipun kuwawi nandhang, punika beda kalihan tiyang
ingkang gadhah pangint�n, bilih g�sangipun badhe bot�n kuwawi nandhang prakawis
ingkang dipun sisahak�n. Sabab sal�b�ting sakit, sal�b�ting sisah, punika m�ngku
raos tatag, t�t�g, santosa, dados inggih m�ngku kat�mtr�man.[7] B�ngak-b�ngokipun
inggih beda kalihan ingkang d�r�ng sum�r�p dhat�ng kaw�kasaning g�sang. Sanadyan
b�ngak-b�ngok ingkang tamtu namung sak�dhap, inggih punika namung sanalika, nalika
saw�g kataman, ing ngriku kag�t saha kasup�n dhat�ng kaw�kasan, manawi sampun
�ng�t, inggih laj�ng sampun bot�n b�ngak-b�ngok malih. Wont�n tataran sakawan
ingkang dados ambah-ambahaning manusa: 1. sakit mahanani sisah, 2. bingah, 3.
s�n�ng utawi t�ntr�ming manah, 4. kat�ntr�man ingkang langg�ng. Sisah sabab sakit
punika kenging

--- 36 ---

kaing�r dados t�ntr�ming manah, ingkang satunggal sarana kaing�r dados bingah
rumiyin, manawi sakit sampun katampi sae kaangg�p paidah, tamtu dados bingah, dados
sisahipun sag�d sirna k�ndhih dening raos bingah, manawi sampun bingah gampil
kaing�r dados s�n�ng utawi t�ntr�ming manah. Ingkang satunggal sarana kaing�r dados
tatag rumiyin, manawi sakit sampun kaangg�p dede baya pak�w�d, tamtu dados tatag,
dados sisahipun sirna k�ndhih dening tatag, manawi sampun tatag gampil kaing�r
dados s�n�ng utawi t�ntr�ming manah. Manawi t�ntr�ming manah punika sampun laras
kalihan raosing kat�ntr�man ingkang langg�ng, inggih punika p�pancadaning manusa
wangsul dhat�ng kat�ntr�man ingkang sajati. Tiyang kas ingkang taksih r�m�n dhat�ng
kadunyan punika, narimah kandh�g rumiyin lampahipun, wont�n ing darajat ingkang
sampun pinanggih, utawi narimah alon-alon maj�ngipun malih. Dene ingkang sampun
[sa...]

--- 37 ---

[...mpun] bot�n r�m�n dhat�ng kadunyan, punika s�dya ngrancagak�n lampahipun.


Saking sampun bot�n r�m�n dhat�ng kadunyan, t�mah inggih s�l�h kadunyan, utawi
s�l�h raga. Patrapipun s�l�h kadunyan utawi s�l�h raga wont�n kalih warni, ingkang
satunggal s�l�h babarpisan, satunggalipun namung sarana kawicaksanan kemawon.
Liripun: ingkang kas�l�hak�n muhung wosipun ingkang dados sabab amb�bayani, inggih
punika r�m�nipun. Inggih r�m�n punika ingkang dados b�bandan, angik�t manusa lan
sangsara, saha ingkang mahanani melik, bingah, sisah, g�thing, s�r�ng,
sapanunggilanipun, ingkang sami dados sipating sangsara, mila kac�kap namung
r�m�nipun punika, ingkang dipun tatas sarana p�dhang kawicaksanan. Tiyang ingkang
sampun bot�n r�m�n dhat�ng raganipun, punika wont�n ingkang ngantos sampun bot�n
ngeman, lan bot�n rum�ksa dhat�ng raganipun, malah wont�n [wo...]

--- 38 ---

[...nt�n] ingkang ngantos gigu dhat�ng raganipun, raganipun kaangg�p kawujudan


ingkang j�mb�r mawa wisa dados wisuna, g�tun dene g�sangipun rumak�t raga, dados
gendhongan ingkang awrat, n�dha sandhang, n�dha pangan, n�dha punapa-punapa,
kap�ksa g�sang mawi sisah kangelan ngupados butuh. Beda kalihan g�sang tanpa raga,
bot�n susah mangan nginum, bot�n mawi ngraosak�n luwe, arip, ng�lak, l�su, lupa,
panas, p�rih, mila wont�n ingkang laj�ng s�l�h raga babarpisan. Ingkang s�l�h raga
lan s�l�h kadunyan sarana kawicaksanan, punika taksih purun rum�ksa lan ngop�ni
badanipun, taksih purun ngupados kadunyan, ananging sampun bot�n ajrih lan bot�n
sisah raganipun an�mahi karisakan, bot�n ajrih bot�n sisah manawi bot�n manggih
kadunyan. Patrapipun ngupados kadunyan, wont�n ingkang sampun bot�n sapint�na,
wont�n ingkang taksih rosa, ingkang

--- 39 ---

bot�n sapint�na ngupadosipun kadunyan, punika kangge ngop�ni raganipun, namung


pr�lu supados bot�n dhapur ngluluh raga utawi amilalu, ingkang wigatosipun dhapur
kas�sa oncat saking raga. Awit ingatasing panj�n�nganipun, sampun oncat saking raga
tinimbang kalihan d�r�ng, punika sami kemawon, mila bot�n kas�sa oncat, inggih
bot�n karak�t ing raga. Sint�n ingkang kas�sa oncat, punika prat�ndha bot�n m�dal
margi kawicaksanan, sint�n ingkang ajrih kangelan, punika prat�ndha taksih kab�nda
ing tr�sna raga, ajrih lan sisah dhat�ng risaking raga. Inggih awit saking punika
mila taksih ngop�ni raganipun. Dene ingkang ngrosani ngupadosipun kadunyan, punika
amargi tumrapipun tiyang ingkang sampun sampurna kawicaksananipun, bab ngop�ni raga
ingkang muhung sawatawis, kalihan ingkang kalayan sae-sae, punika sami [sa...]

--- 40 ---

[...mi] kemawon, bab ngupados kadunyan ingkang muhung sawatawis kalihan ingkang
rosa, punika inggih sami kemawon, waton sarana p�dhang kawicaksanan, sampun sag�d
natas wosipun ingkang dados b�bandan, inggih sampun bot�n dados beka r�ncana.
M�nggah angg�nipun angop�ni raganipun, angg�nipun ulah kadunyan kalayan sarosa,
punika pr�lu kangge pitulungan ing akathah, dados bot�n pr�lu kangge bingah
s�n�nging manahipun piyambak. Inggih punika sampun wiwit ngancik darajating manusa,
ingkang sin�but sujanma utama, inggih tiyang kas ingkang sampun badhe sag�d t�rus
maj�ng satataran ag�ng, inggih punika badhe sag�d minggah dados tiyang kawas utawi
waliyullah.
--- 41 ---

Wali

Kawruhipun, pakartinipun, lampahipun saha piwulangipun.

Wali punika tiyang kas ingkang kawruhipun sampun maj�ng satataran ag�ng, ugi
winastan tiyang kawas, saha dados juru t�tulung bawana, dados juru anggulaw�nthah
sagung dumadi, dados juru ngupakara jagad saisinipun, jum�n�ng nayakaningrat.
Saking saya maj�ng kawruhipun, dados saya wijang kalihan raganipun, utawi saya
b�nggang kalihan kadunyan, dados saya waspada dhat�ng sipat-sipatipun jatining
g�sang, dados saya waspada dhat�ng kamulyanipun kamulyan jati, dados saya waspada
dhat�ng t�bihing bedanipun kamulyan jati kalihan sadhengah wujud ingkang asipat
sangsara. Ing ngriku tuwuh tr�nyuh w�lasing galih dhat�ng ingkang sami taksih
sangsara, t�mah laj�ng dados juru t�tulung, makat�n [makat�...]

--- 42 ---

[...n] kamulanipun sin�but wali. Wali punika ugi wont�n warni kalih, inggih punika,
wont�n ingkang taksih r�m�n dhat�ng kadunyan, wont�n ingkang sampun bot�n r�m�n
dhat�ng kadunyan. Ingkang taksih r�m�n dhat�ng kadunyan, punika amargi bot�n ajrih
sakit, r�kaos, kangelan, sangsara. Dene sum�r�p punapa kemawon kuwawi. Mila ngalam
dunya dipun angge pacangkraman. Dados t�tulung dhat�ng ngalam dunya punika ngiras
pant�s l�lang�n. Dene ingkang sampun bot�n r�m�n dhat�ng kadunyan, punika saking
sampun s�dya t�rus lampahipun, bot�n mandh�g tumolih wongsal-wangsul. Inggih punika
ingkang binasakak�n, sanadyan taksih angg�g�m dunya, sajatosipun sampun tilar
kadunyan. Sanadyan taksih wont�n ngalam dunya, sajatosipun sampun wont�n ngakirat.
Sanadyan k�nd�l, sajatosipun t�rus saya l�pas lampahipun. Dados sanadyan gulung
wont�n ing �ndhuting kadunyan, [ka...]

--- 43 ---

[...dunyan,] ananging sampun bot�n galuprut ing �ndhut. Sanadyan kungkum sal�b�ting
najis, ananging sampun sag�d kalis kalihan najis. Sanadyan angg�byur ing samudra
sangsara, ananging sampun bot�n angraos sangsara. Sanadyan lum�b�t ing naraka,
ananging sampun bot�n g�s�ng dening latu naraka. Binasakak�n bot�n l�pas dening
toya, bot�n g�s�ng dening latu, bot�n lonyoh dening wisa, bot�n pasah dening
d�dam�l landh�p, latuning naraka dipun idak sag�d sir�p, punika awit sampun
santosa, bot�n eram dhat�ng g�byaring kadunyan, inggih punika bot�n kag�t dhat�ng
g�byaring pupu, krompyonging arta, klubuking ulam, bot�n keguh dening panggodhaning
ijajil, m�manising dyah, adining s�kar-s�kar, sampun bot�n kawasa narik manahipun,
sadaya sampun dipun singkirak�n t�bih, kalayan eklas, tanpa kiw�r-kiw�r, kantun
moklis dhat�ng satunggal, kamulyan jati, [ja...]

--- 44 ---

[...ti,] t�ntr�m tanpa kara-kara. Wali ingkang makat�n punika, angg�nipun ngrasuk
raga lugu maligi kangge lantaran t�tulung bawana, sanadyan ugi anglampahi kados
kalimrahaning ag�sang, nanging bot�n mawi ngraosak�n bingah sisah, upaminipun
kagungan garwa, sal�b�ting ngandikan kalihan garwa, bot�n mawi ngraos s�ngs�ming
sapocapan. Sal�b�ting ningali w�warn�n ingkang sakalangkung adi endah, bot�n mawi
ngraosak�n s�ngs�ming sapandulon. Sal�b�ting dhahar dh�dhaharan ingkang
sakalangkung miraos, bot�n mawi ngraos bingah ngraosak�n kanikmataning dh�dhaharan.
Inggih ingkang makat�n punika, ingkang badhe sag�d t�rus maj�ng satataran malih,
saking darajat kawas laj�ng jum�n�ng kawasul kawas utawi nabi.

Sasampuning manusa dumugi ing darajat wali, tamtu sampun luhur saha sampun j�mbar
sang�t kawruhipun, awit kajawi tamtu sampun j�mbar pasinaonipun, inggih
--- 45 ---

sampun kathah l�lampahan ingkang dipun ambah dipun alami, sampun sag�d uninga
dhat�ng suraos ingkang l�b�t-l�b�t, w�rit-w�rit, uninga dhat�ng w�wadosing jagad
saha w�wadosing g�sang, inggih sampun sag�d nyatakak�n ngambah jagad, jagad
nginggil utawi jagad kaalusan, ngungak p�padhang utawi namp�ni soroting p�padhang,
dados kathah kawruh ingkang pinanggih bot�n saking pangajaran, mila tamtu sampun
dados g�dhonging kawruh, tuking guna pangawikan, w�gig andhapuk piwulang mangun
pangajaran, ingkang w�wangunanipun sakarsanipun ingkang kalaras murih prayogi,
makat�n mila gum�laring piwulangipun para wali punika beda-beda saha warni-warni,
kados ta: kawruh-kawruh bab agama, kasuksman, praja, kapujanggan, tatacara,
panggulaw�nthah, kasusilan, panuntun, lan kawruh ing�ring jagad, saha san�s-
san�sipun. Awit saking sag�d anggulaw�thah, sami kemawon kalihan [ka...]

--- 46 ---

[...lihan] sag�d anuntun. Awit saking sag�d anuntun, sami kemawon kalihan sag�d
nata. Awit saking sag�d nata, sami kemawon kalihan sag�d mangr�h. Awit saking sag�d
mangr�h, sami kemawon kalihan sag�d anguwaosi. Awit saking sag�d anguwaosi, sami
kemawon kalihan sag�d andarb�ni. Awit saking sag�d andarb�ni, dados sampun gadhah
kasugihan. Makat�n mila para wali punika manawi taksih r�m�n kadunyan, padosipun
kadunyan gampil kemawon, bot�n susah tumut r�batan dunya. Saking sampun sag�d
angr�bat manahipun tiyang sajagad, dados bot�n susah simp�n dunya. Sampun bot�n
badhe k�kirangan dunya.

--- 47 ---

Nabi

Kawruhipun, kasukcianipun, ant�pipun, pakaryan utawi kautamanipun.

Kawasul kawas, ambiya, utawi nabi, punika tiyang ingkang sampun sampurna
makripatipun, inggih punika sampun muksis waspadanipun dhat�ng dat sipat, asma
apngalipun jatining g�sang, sampun t�t�p wijang kalihan raga, b�nggang kalihan
kadunyan, jum�n�ng maligining g�sang Ingkang Maha Sukci sajati, bot�n gadhah
pakar�man punapa-punapa, bot�n r�m�n punapa-punapa, bot�n mangeran punapa-punapa,
namung ngant�pi satunggal, mangeran satunggal, g�sang ingkang asipat jalal jamal
kahar kamal. Jalal t�g�sipun agung, ingkang agung datipun. Jamal t�g�sipun elok,
ingkang elok sipatipun. Kahar t�g�sipun wisesa, ingkang wisesa [wise...]

--- 48 ---

[...sa] asmanipun. Kamal t�g�sipun sampurna, ingkang sampurna apngalipun. Sampurna


t�g�sipun rampung. Makripat t�g�sipun waskitha, waspada, uninga. Muksis t�g�sipun
sampurna utawi k�mput. Dat t�g�sipun jangg�r�ng. Sipat t�g�sipun rupi utawi watak.
Asma t�g�sipun nama utawi s�s�butan. Apngal t�g�sipun pandam�l. Agung datipun
inggih punika ag�ng tanpa ukuran, tanpa wat�s, tanpa pinggir, tanpa kaw�ngku ing
jirim, tanpa wangun, tanpa kacithak ing wangun. Elok sipatipun inggih punika dede
jal�r dede �stri dede wandu, t�g�sipun bot�n purus, bot�n baga, bot�n baga purus,
nanging dipun wastanana jal�r nyata gunas�kti, dipun wastanana �stri nyata
sakalangkung adi, dipun wastanana wandu nyata kawasa manjing ajur-aj�r manuksma ing
jalu ing wanita. Wisesa asmanipun inggih punika sampun w�nang sin�but Sang Hyang
Wisesa. Sampurna apngalipun [apngalipu...]

--- 49 ---

[...n] inggih punika kawasa ngrampungak�n pakaryanipun. Ing ngriku hawa napsunipun
sampun sir�p, l�lampahanipun sampun kandh�g, kawont�nanipun sampun dyatmika, sukci
bot�n mawi kasandhangan panandhang suka duka, sampun wont�n sajawining l�lampahan,
t�g�sipun sadaya l�lampahaning raganipun, sampun dede l�lampahanipun, angg�nipun
ngrasuk raga kadosdene dhalang anglampahak�n ringgit, utawi tiyang ngangge top�ng.
Tangisipun guj�ngipun dede tangis guj�ngipun, namung tangis guj�nging ringgit utawi
top�ng. Sadaya solah-bawanipun parlu tumrap ingkang ningali, bot�n parlu kangge
panj�n�nganipun pribadi. Panj�n�nganipun wont�n ing ngalam dunya adam�l l�lampahan
dhat�ng raganipun, kangge t�pa tuladhaning jagad, awit wont�nipun ing ngalam dunya
namung parlu rum�ksa raharjaning jagad, utawi ngrangk�p jum�n�ng wali. Sasampunipun
manusa dumugi ing darajat nabi, sampun asipat [asi...]

--- 50 ---

[...pat] p�pajar, bot�n kasamaran dhat�ng saniskar�ng kawruh, upami wont�n ingkang
k�dah ginayuh malih, sampun sag�d maj�ng pribadi tanpa t�dahan, malah sampun
jum�n�ng dados juru paring pit�dah. Awit saking punika, mila dumugi ing ngriki,
w�warahipun s�rat andhaning g�sang sampun t�las.

Panutup

Min�ngka panutuping s�rat punika, pangaj�ng-aj�ngipun ingkang angarang, sanadyan


g�gayuhan ingkang kawasitakak�n punika dahat angg�nipun linangkung, sar�hning
sampun wajibipun dados g�gayuhaning manusa, mugi-mugi bot�n wont�n ingkang w�gah
anjangkah, malah ing pamuji sag�da dados g�gayuhan umum. Awit punapa-punapa ingkang
sampun sag�d dados g�gayuhan umum punika, adatipun tamtu laj�ng kathah ingkang
sag�d kas�mbadan. Witipun wont�n sawatawis ingkang kas�mbadan, ing ngriku tamtu
laj�ng [la...]

--- 51 ---

[...j�ng] dam�l w�wah s�r�nging pangudi tumrap ingkang d�r�ng kas�mbadan, w�kasan
anjalari laj�ng kathah ingkang sag�d kas�mbadan, ngantos g�gayuhan ingkang makat�n
wau amung nama g�gayuhan limrah kemawon, bot�n m�gahak�n.

Namung punika aturipun ingkang ngarang, bot�n langkung manawi wont�n kal�p�tan saha
k�kiranganipun, mugi win�ngkua ing panggalih paramarta.

Titi.

Sengkalan: ratu obah ng�sthi nabi (1861 A.J., 1930 A.D.). (kembali)
kadosdene (dan di tempat lain). (kembali)
saking. (kembali)
tindak. (kembali)
tobat. (kembali)
kadugi. (kembali)
kat�ntr�man. (kembali)

Copyright � 2011-12 Yayasan Sastra Lestari. All Rights Reserved.

You might also like